cerita ponorogo

Monday 14 January 20130 comments

babad ponorogo

Dadi menungso iku kudu anduweni batin sing kuat, biso moco kahanan urip, nek perlu ndue roso cipto sukmo pramono manunggaling kawulo Gusti melihat dengan mata Alloh, ngerti sakdurunge winarah. Pono iku yo pramono maksude anduweni kekuatan bathin sing biso moco kahanan jaman, nduweni pemikiran intelektual, miker kahanan ora mung ngangge ilmu dunia tapi mikire ngangge ilmu akherat.

Rogo yo kudu podo kuate koyo jiwo, Meskipun ora nduweni ilmune Gathutkoco sing otot kawat balung wesi ora tedas tapak palune pande tapi rogo yo kudu kuat nyonggo abote ilmu sing di songgo jiwo, ngrokok kok dilarang diharamke ngetok-ngetok’i nek gak siap gak wani mati iku, rogone gak kuat iku opo maneh jiwone.
yen ngrokok iku ora ono hubungane karo kematian.

Jaman biyen Ono kerajaan sing diwastani Wengker, Wengker iku asale songko kata Wono kang Angker artine alas sing wingit amargo rojone Wengker iku demit sekti sing jenenge Darmowati anak turune Prabu Boko rojone demit ing tanah Jowo. Rojo Wengker nduweni 3 pengikut menungso sing sekti mondroguno. Banjur 3 pengikute iku metu songko alas wengker banjur nggawe padepokan ing Bantar yoiku tanah ombo sing ono mung suket gajah tok, Angin sumilir tampo wates mongko padepokan iku dijenengi Bantar Angin. Suatu saat ono pendekar kesasar jenenge Panji banjur mbeguru ing Banatar Angin amergo Panji bocah sing seneng berkelana sampek kesasar mulane gurune aweh jeneng Panji Klono, Amergo wis tuwo 3 pendiri Bantar Angin nyepi meninggalkan padepokan yoiku Raden Mas Jin Jami Jaya semedi ing Gunung Semeru, Raden Panji Nilosuwarno menyang Jolotundo Blitar, Lan Ki Gedug Padang Ati menyang Gunung Bromo. Mongko Bantar Angin dipasrahake Panji Klono.

Panji Klono sing hobine mancing budal menyang telogo Ngebel, ing ndalan ketemu Pujonggo Anom Ketut Suryongalam nantang gelut, naliko Panji Klono meh menang muncul Joyo Dipo yoiku Sunan Lawu Browijoyo adalah putrane Prabu Browijoyo V sing nggawe padepokan ing Gunung Lawu, maksude arep misah Sunan lawu malah dikeroyok Panji Klono lan Suryongalam, tapi Sunan Lawu sing menang mongko Panji Klono lan Suryongalam mbeguru marang Sunan Lawu. Panji Klono diwarisi gaman Pecut Samandiman, lan Suryongalam diwei ajian landak putih.

Naliko wes lulus songko Lawu Panji Klono muleh menyang Bantar Angin lan ngedekne Kerajaan Bantar Angin, Panji Klono ganti jeneng lan bergelar Raden Klono Sewandono, Sewandono iku songko tembung Siswo Handono artine murid sing kendel ora nduweni roso wedi.

Pujonggo Anom Ketut Suryongalam asline wong bali kang dadi punggawane Mojopahit ing jamane Prabu Brawijaya V , Pendekar Mojopahit sing mbalelo minggat menyang Bantar Angin lan kondang kanthi jeneng Ki Ageng Kutu ngedekne padepokan silat, murit-murite dijuluki Warok artine wong kang wes sempurno ilmune, biso dadi petunjuk hidup, menep ing roso lan napsu. Ora mung ampuh kanuragane nanging ampuh ugo ilmu batine. Poro warok sing wes lulus songko padepokane Ki Ageng Kutu akeh sing gabung dadi prajurit Bantar Angin. Ki Ageng Kutu dewe diangkat dadi patih Bantar Angin hajejuluk Patih Bujang Ganong.

Dadi rojo wes mulyo tapi durung nduwe bojo Klono Sewandono kesepian, krungu ono Putri Rojo Kediri sing kondang ayu pasuryane ibarat iso nyonggo langit Klono Sewandono budal nglamar dibaturi Bujang Ganong lan dikawal poro warok. teko kediri ternyata wes ono saingane, yoiku Prabu Singo Barong kang sekti mondrogno tapi sayang rambute akeh tumone jarang kramas mergo jaman iku durung ono sampo, alternatipe Singo Barong nyolong merak ing Bantar Angin daerah iku akhire dijenengke “Mlarak” songko tembung Maling Merak, merak-merak iki biasane golek pangan teko siseh lor lan kipunan ing kono mongko daerah iku diwastani Kaponan , bekase kipu merak iki soyo suwe soyo jeru lan dadi mbeji mongko terciptalah Mbeji Kaponan .

Manuk merak sing dicolong Singo Barong iku di ingu lan digowo menyang ngendi wae saperlu nuthuli tumo ing ndase Singo Barong, Simbiosis mutualismelah jare buguru. Keputusan akhire dienekne perang tanding Klono Sewandono Vs Singo Barong, sopo sing menang entuk ngawini Dewi Ragil kuning kang hajejuluk Dyah Ayu Dewi Songgo Langit Pendekar ngendi wae ora ono sing wani nglawan Singo Barong, nanging Klono Sewandono ora wedi, Naliko arep maju ing medan arena Klono Sewandono dicegah Bujang Ganong, tak aku wae sing nglawan Singo iki, Akhire pertarungan diganti Singo Barong Vs Bujang ganong. Singo Barong kalah mongko bolo-balane ngamuk, nanging biso diatasi dening poro Warok.
Diboyong Dewi Songgolangit menyang Kauman,Sumoroto pusate kerajaan Bantar Angin, Kyai Tunggul Naga yoiku pusoko wujute tombak konon di boyong Bujang Ganong songko tuban yoiku pusakane Ronggolawe didadeake pusoko simbol Kerajaan Bantar Angin, Pengaruh Bujang Ganong ing Bantar Angin kuat banget ngluwihi rojone dewe, sebab Bujang Ganong sing Asline Ki Ageng Kutu yoiku mantan punggowo Mojopahit iseh nyimpen dendam marang Prabu Browijoyo V sing dianggep ora becus ngatasi kerajaan, poro warok sing soyo suwe soyo akeh lan tambah sekti lan sikape Ki Ageng Kutu sing musui Mojopahit soyo mesakne pihak Mojopahit.
mongko diutuslah Sunan Klijogo lan Ki Ageng Mirah suponyo nyelidiki keadaan Bantar Angin. Sunan Kali Jogo menyimpulkan tokoh Ponorogo sing paling berpengaruh memang bener yoiku Ki Ageng Kutu mongko diutuslah putrane Prabu Browijoyo V yoiku Lembu Kanigoro supoyo nyekel Ki Ageng Kutu. Lembu Kanigoro bergelar Raden Katong nggowo murite Selo Aji lan 40 santri budal menyang Bantar Angin. tekodaerah Plampitan, Kelurahan Setono, Kecamatan Jenangan (saiki) Raden katong nggawe padepokan, lan mulai nyerangKi Ageng Kutu tapi ora biso dikalahake, sebab selain nduweni gaman Koro Welang, Jabardas, lan Condong Rawe sing konon yen keris luk 13 iku di cabut songko rongkone mongko musue bakal keroken gatelen ora mari-mari ugo Ki Ageng Kutu wes pernah mbeguru marang Sunan Lawu Joyo Dipo yang tidak lain adalah saudara Raden Katong
dewe

*bersambung
Share this article :

Post a Comment

 
Support : | |
Copyright © 2011. Sagetmawon - All Rights Reserved